Wani Ngalah Luhur Wekasane

Posted by Sinauw on Thursday, 3 March 2011

Unen-unen utawa ukara kasebut dhuwur sejatine manawa digatekake nduweni teges kang wigati banget tumrap tatanan panguripan jroning bebrayan. Awit ngalah mono ora mesthi dadi wong kang kalah utawa asor. Anangangi perlu kawuningan unen-unen kasebut pancen gampang manawa diucapake rekasa manawa nindakake. Wis dadi watake manungsa akeh-akehe padha mentingake awake dhewe, angel ngakoni kalah lan ora gelem ngakoni kaluwihane wong liya. Kahanan kaya mangkene iki tundhone bakal nuwuhake rasa merh lan serik jroning ati pungkasane dadi ora senenge marang kahanan iku. Budaya wani ngalah mono manawa dikembangake lan ditindakake dening saben wong bisa urip kanthi kepenak lan ora bakal ana pasulayan kang gawe rugine bebrayan. Mula sapa bae kudu lan gelem nduweni watak wani ngalah ing madyaning masyarakat.

Sinauw